munggah gunung yuk
ayo-ayo munggah ing gunung
tinimbang ing omah nggedabrus ngalor ngidul
wis bosen nyawang lambe kang njegadul
mending golek sinawangan kang nuwuhke gumun
kanthi jangkah kang linambar tekad
ati kudu tansah sumringah
ora mung tenogo kuwat...
niat ora keno cacat !!!
opo ora kepincut ???
nyawang kahanan ing ngisor pedhut..
pancen iso ndelok ing poto..
nduduhake yen ati kendo ?!
ayo-ayo munggah gunung..
tinimbang dadi rerupaning lamun..
nanging ojo lali mudhun.. !!!
( kagem rencang kulo ; mbah im... april ->sindoro !! )

Tidak ada komentar:
Posting Komentar