jeru
ing ati iki koyo ono kang ucul..
naliko nyawang garan pacul,
uwis pecah !!
kanggo ganjel omah..
sawah wis ora obah..
tikus vs laler
mripat iki mrebes mili
weruh cemendil-cemendil kaliren, ngemplok tembok,
ing sandinge laler ijo ngragas nguntal pari,jagung,caping,lan sawah.
medeni...ngumuk siung.
cemendil pungkasane mangan tikus
laler ijo mangani cemendil2
kudu ono kang wani methil !!
simbah..
simbah2 ing pinggir kalen
lentak-lentuk nyawang walesan
senar katon obah,
jebul kesenggol uwuh !!
sandal jepit,bathang kirik, wis di unggahke
softex, kondom, pecahan gelas gelem mangan cacinge..
simbah kok tetep sabar wae..
huh, simbah durung ngerti..
namung dhewe"e kang duwe nyowo..
ing kalen kuwi..
padang mbulan euy..
( sisipan soko blogku )
wengi iki padhang mbulan.....!
takbayangake...
krisdayanti rengeng_rengeng geguritan,
ing sandinge "the rock" jingkrak jingkrak nunggang jaran kepang..
lamunane wong edan???
ing ati iki ono roso kuciwo..
jare ngaku wong jowo,nanging do ora iso honocoroko..
(padahal aku yo ora iso..he..)
sopo kang gelem nguri_uri mogobothongo?
mosok arep di_ekspor ing negoro liyo???
tempe wae(panganan ket jaman majapait) jare wis di hakpatenke jepang?
tembang rasa sayange,kok yo iso diaku tembang malasia?
lha piye maneh???
bocah kang lagi thingis....diajari "good morning"
didolani tamiya,ps,komputer....
dipakani hotdog,pizza.....
metu soko ngomah,wedi keno bledug...
sesuk sopo yo?
kang muni sugeng enjang...dolanan gobag sodor..
ngopeni thiwul growol.....
santai wae ding,isih ono wong tuwo tuwo..
lha yen kabeh kang iso do tilar donyo???
we lah,padhang mbulan tho saiki??
ah,isih kalah padhang karo neon,
mending ing njero ngomah,
iso nonton,,,, po kelon ???

Tidak ada komentar:
Posting Komentar